SIRKUS ALUN-ALUN
Nong, Nong, Nong, Nong
Kenong ditabuh, ngundang wong
Wong nggal siji teko nggawe kalangan
Plak, Plung, Plak, Plung
Kendang dikeplak kempul dikemung
Nonton hiburan sirkus alun-alun
Blang. Kenthung. Blang. Kenthung
Ngisor trembesi tengah alun-alun
Srengenge mlethek ora dirasa
Surak mboto rubuh keplok sing nonton
Maju wong nguntal geni ider kalangan
Sembar-sembur geni disembur ngobong akasa
Kagete wong njur surak, Hiyo
Jumpalitan jalma awujud kethek
Ngegirisi menek wit trembesi
Anamung tingkahe lucu
Sing nonton podho ngguyu
Wayahe bocah cilik maju tengah kalangan
Gela gelo jejogedan tangan kethawean
Ngempit jaran sesek koco moto ireng
Nyirig-nyirig lemah awu kabur kanginan
Heya, Heya, Heya.
Cethar-Cheter swara pecut
Bocah cilik mangan beling
Beling piring, beling lampu
Banyu sak ember dikokop
Heya, Heya, Heya
Wong lanangan brewok maju moco jopo montro
Matrane wong tulak jin, setan, pri prayangan.
Siluman geni, siluman kethek, siluman jaran
Sigra sumingkir gantio jalma manungsa
Sing Nonton surak, Hiyo
Wayahe bocah cilik ider kalangan
Ngathungno kupluk wadah recehan.
1008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar