SELAYANG BAYANG

SELAMAT DATANG

adalah ruang di mana ada kehidupan yang saling menghidupi. Mungkin ada puisi, mungkin ada cerita, mungkin ada renungan atau oleh-oleh kecil atas sebuah perjalanan, mungkin ada imaji, bahkan mungkin sekedar omelan belaka. Suka maupun tak, apabila berkenan, tinggalkan jejak kata.
Apapun, selamat menikmati. Semoga menjadi inspirasi.
Terima kasih telah berkunjung.

Selasa, 09 September 2008

GEGURITAN

SEMPAK KELIR KREM

Sempak di dol ning lapak-lapak
Pinggir dalan panggon awu seliweran.
Dipilih, diangkat, dipenteng, diawut-awut
Dibanting
Sing kadung suwek diseleh ngisor
Sing isih apik diseleh nduwur

Nasibe apik sempak krem sing dituku
Diesemi, dikudang, dikreseki

Tapi opo yo pancen apik nasibe
Ning omah tanpa diumbah
Sempak krem langsung dianggo
Ning njero
Ning njero

Ning njero peteng ora ketok opo-opo
Telung dino ora diganti ora ketoro

Hawane sumuk
Sempak protes
Nek duwe kringet yo wis netes
Mbatin karo sempake Superman
Kelir abang dianggo njobo
Nasibe apik tenan
Sempak Superman pancen bejo

Protese sempak krem dirungokne sing duwe
Bengi iki ditukokke celono anyar
Nek dianggo melorot sithik agawe ser
Bejane sempak krem rodok iso ambegan
Dijak mlaku-mlaku karo ndelok pemandangan

Tapi opo yo bejo nasibe
Telung dino ora diganti mesti ketoro
Dlemok-dlemok kuning marahi loro moto
Wis suwek sithik
Langsung dibuwak

1 komentar:

  1. sing protes dudu sempak-e. isine sempak sing keplepegen. sumpeq, arep ambegan mambu, ora ambekan mati. blae.

    BalasHapus